Wednesday, August 5, 2009

Praon Neng Bendung Gerak Serayu


Nek neng salah sijine papan panggonan ana kali gedene utawa ana segarane, mesti neng kono ana wong sing pinter gawe prau. Semana uga wong Desa Tambaknegara Kecamatan Rawalo, merga umahe ora adoh-adoh sekang Kali Srayu, ana wong sing jenenge Kaki Sardi, dheweke teyeng nggawe prau. Ora kur teyeng nggawe prau, malah dheweke dadi juragan sing gawene nampani pesenan gawe prau.

Merga ngarepna bada, dheweke nembe bae entuk pesenan nggawe prau cacah 17 prau sekang wong-wong Sokawera Kecamatan Banyumas. Bada kurang telung minggu, siki wis dadi kabeh, malah wis dekirim meng Sokawera nggo pranti nggolet wedhi.

Jebule, ana brembete antara garep bada karo akeh penjalukan gawe prau. Apa enggane praune garep nggo plesiran? Jebule ora. Mergane, wong badan ora kur klambine thok sing anyar, umahe uga kudu anyar. Mula kuwe wong sing padha lagi ngedegna umah karepe nyrempeng gole mbangun. Sing umahe elek utawa kurang jembar, umahe derehab utawa dejembari. Kabeh kuwe ngupaya ben gole ngriyayakna badan dadi sengsaya nyamleng.

Mula kuwe, penjalukan wedhi nggo pranti mbangun umah dadi tambah akeh, beda karo dina-dina biasa. Sedheng wedhi degolet kambi prau. Merekna penjalukan prau dadi akeh, kaya sing kedaden neng desa Tambaknegara Kecamatan Rawalo sing dealami ndeng Kaki Sardi.

Sepraune diregani 4,5 juta perak. Bahane sekang kayu nyamplung utawa kayu salam sing thukul neng cedhek pantai, goletane neng daerah Widarapayung, Jethis utawa Logending. Jere Kaki Sardi, prau sing degawe sekang kayu sing thukule neng cedhek segara kuwe awet merga kayune wuled.

Mbok rika garep nyewakna prau nggo wong plesiran, rika teyeng pesen nggawe prau maring Kang Sardi. Praon neng ilenan Kali Srayu gonggoman bendung gerak Srayu saben wong sijine mbayar limang ewu perak. Ningen ben ora rugi, rika kudu nunggu praune ditumpaki neng wong sepuluh. Lha nek desewakna regane patang puluh lima ewu perak.

Ningen sapa sing gelem pesen nggawe prau maring Kang Sardi? Wong-wong sing plesiran neng gonggoman bendung gerak Kali Srayu langka pisan, anane kur bocah nom-noman padha pacaran. Angger praune nunggu kebek wong sepuluh, nganti uwane thukul kebek seendhas ya ora bakal keturutan. Kwak... kwak ... kwak ....
(PWT, 2 AGUSTUS 2009)